Cerkak Amini | R - Suara Krajan

Wicak lagi wae mudhun saka sepedhah. Seragame abang putih ketok lekoh kabeh. Bal-balan karo Sandi, Guntur, lan kanca-kancane dhekmau, neng latar sekolahan pancen nguras kringete. Mula ora maido nek klambi sragame nganti lecek kaya susure Mbah Sainem. Ibune mesthi ajeg mbengok-mbengok karo ngukuti tas, sepatu, lan sabuke.

Wicak, bocah kelas papat SD kuwi, pancen rada dhendheng, ndableg, lan sakepenake dhewe polahe. Omongane ibune sasat mung dilebokke kuping kiwa ditokke kuping tengen. Ora ana asile babar pisan. Kamangka  wis bola-bali ibune nuturi, “Nek dikandhani ki mbokya ra usah nganggo pisan pindho, sepisan wae nek pancen wis ngerti ya ndang ditandangi!” Nanging dhasare Wicak, sing umume bocah yatim liyane, patrape malah sok gawe mangkel sing ngandhani. Arepe dikasari kok ya ra mentala, melas, tur ya wedi yen nanggung dosane. Ning nek dijarke sok nggatelke ati. Mula kudu akeh sabar ngadhepi Wicak, bocah lanang sing dedege luwih dhuwur tinimbang kanca-kancane. Ora mokal wong bapake, Darsono swargi, pancen dedege ya dhuwur kaya genter. Biyen kalebu anggota tim voli desa. Nganti desane kerep menangake pertandingan voli antar desa, malah nganti tekan kabupaten barang. Ketemu tim saka kecamatan liya panggah menang. Ning lara jantung sing durung sepira suwe dirasakke, ndadekke Pertiwi kudu kelangan bojo. Lan Wicak kudu kelangan bapak.

Wektu kuwi Wicak sik umur limang taun, kelas nol kecil, durung ngerti apa-apa. Saka panggulawenthahe ibune sing dadi buruh pabrik sepatu lan pangrengkuhe simbahe, ndadekke Wicak gedhe tanpa kurang kebutuhan sabendinane. Elek-eleka simbahe ki ya nduweni tanah pekarangan sing jembar, ditanduri tela, ganyong, garut, laos, jahe, lan sapanunggalane. Yen nuju panen, bakul-bakul padha mara, nebas tandurane simbahe Wicak. Lumayan, kena kanggo nyambung urip anak lan putune. Mula Wicak uripe ora kekurangan. Ning dikaya ngapa nek ora pinter ngrumat, barang apa wae bakale tamat. Pertiwi ajeg ngumbreng-ngumbreng Wicak, merga watake crobo lan sembranan. Ndeleh sakndeleh apa wae sakkepenak udele. Angger mulih sekolah, pirantine sekolah mesthi pating slengkrah mbekakrah ora diseleh panggonane sing bener. Ibune kuwi kerep ngukuti ubarampene anak lanange karo nggremeng. Ewadene sing digremengi wis ilang, dolan karo kanca-kancane.

“Nek kesel awake ra usah mbokcandhak, ngko takkukutane,” ngono kandhane Mbah Painem, simboke Pertiwi sing sajak wis rumangsa grisinen yen krungu gemremenge Pertiwi.

“Wicak wis saya gedhe, Mbok. Kudune wis ngerti tugase. Lehku mblajari ki ya ra kurang-kurang. Ning kok ora nyanthol-nyanthol!” kandhane Pertiwi karo ndeleh sepatune Wicak neng rak sepatu gaweyane Darsono swargi.

“Ning sabarmu kuwi sing sik kurang. Wis ta, Wi! Kowe kudu luwih sabar ngadhepi Wicak. Bocah semono ki pancen lagi butuh-butuhe kasih sayange Bapak. Apameneh bocah lanang. Butuh conto kanggo paugeran uripe mbesuk!

Nek omongan wis nyandhak bab bojone swargi, Pertiwi ora bisa ngomong meneh. Kok arep diarani ngresula ki ya ora. Ditinggali anak siji, paribasane bisa dadi lelipur atine, mula kabeh disuntek bleg kanggo anak ontang-antinge kuwi. Tinggalane bojone rupa pensiyunan pegawe negeri golongan cilik, kena ditabung kanggo sekolahe Wicak mbesuk. Mben sasi entuk dhuwit pensiyunan sing bejajine rong yuta rupiyah, ora tau dijupuk. Sabendinane, uripe wis dicukupi karo bayarane neng pabrik sepatu. Karomeneh sik diopeni simboke minangka mangane. Senajan ora duwe bojo, Pertiwi ora kekurangan. Semono uga Wicak.

Awan iku neng sekolahan, praupane Wicak mbrabak ngempet nesu. Rambute sing wis nyenggol kuping dijarke wae nutupi mripate sing mlilik nyawang Heru. Kancane sekolah kuwi sok gawe pegel atine. Upama ora ngelingi Heru kuwi putrane Pak Kepala Sekolah, wis kawit mau tangane Wicak njotos cangkeme Heru sing rada mrongos kuwi. Ngomong sakpenak udele dhewe.

“He, Cak! Nek jare bapakku, kowe ki ra bakal isa dadi tentara!” kandhane Heru karo malang kerik, gayane kemlete. Nggawe panas kupinge sing diajak omong.

“Lha nyangapa?”

Hlaaa apa ya ana ta, tentara kok cedhal! Ora isa muni “r”. Hahaha..!”

Guyune Heru sengak banget, kanca liyane melu ngguyu. Malah saya seru. Saknalika Wicak ndhingkluk, nguwaske sepatune sing wingi tas ditukokke ibune. Ning kuwi ora bisa ngedhem lara atine merga wis dilokke Heru. Suwara guyune Heru tansaya banter nalika kanca liyane padha nerokke omongane Wicak sing ora isa jelas nalika nyebutake ukara r”, “Sudah saya ke’r’jakan, Bu, dan sudah saya kumpulkan ke mejanya Bu ‘R’osmita.”

Guyune bocah-bocah kelas papat tansaya rame. Sakanane bocah padha ngguyu lakak-lakak, kejaba Wicak sing dadi sasaran guyonan.

Tanpa kakehan omong, buku-bukune, pulpen, lan apa wae sing neng ndhuwur mejane, dikukuti terus dilebokke tas. Ora kesuwen, Wicak njur metu saka kelas, nyengklak sepedhahe bablas mulih. Suwarane Bu Rosmita sing nimbali supaya dheweke mbalik mlebu kelas, wis ora digape. Atine wis peteng dhedhet. Jagade wis ora kena didulu meneh. Pikire mung pengin ndang tekan omah, arep takon karo simbah lan ibune. Kenengapa dheweke ora isa nyebut r kanthi teteh. Iki sing ndadekake runtik atine. Nek pancen ora isa klebu dadi tentara, terus dheweke arep dadi apa? Kamangka cita-cita dadi tentara ki wis ana angen-angene kawit sekolah TK. Nalika kuwi nuju karnaval, Bu Guru nunjuk dheweke macak dadi tentara. Ndelok dedege sing gedhe dhuwur, pancen cocok tenan yen dipacaki dadi tentara. Potone nalika karnaval kuwi mau banjur digedhekke, lan terus dipajang neng ruwang tamu. Sakploke kuwi Wicak kepingin tenan mujudake cita-citane dadi tentara. Ora ming trima macak neng karnaval, ning tenanan. Mula dheweke mempeng olehe sinau. Olah raga apa wae dinyangi. Mula ora mokal nek awake tansaya modot. Masiya sik kelas papat, dedege Wicak wis padha karo bocah kelas siji SMP.

Tekan omah, kaya biyasane, Wicak gage nggoleki simbahe neng kebonan. Awan ngancik dhuhur ngene iki pancen wis kenek dipesthekke nek simbahe kuwi lagi dhangir neng kebonan ngguri omah. Suwara sepedhahe sing gemradak neng latar omah, ngendhegne Mbah Painem olehe resik-resik godhong garing. Wong sepuh kuwi wis apal karo lagak lageyane putune.

Cak, sik durung jame mulih sekolah kok wis tekan omah, ana apa, Le? Apa kowe didukani gurumu?” pitakone Mbah Painem karo ngresiki tangan lan sikile.

Sing ditakoni ora semaur, meneng wae karo nyepot kaos kaki lan sepatune. Mbah Painem mung nyawang putune kuwi karo kebak pitakonan.

“Mbah, kenek apa aku ra padha karo kanca-kancaku? Meh bendina aku dilok-lokke kancaku merga aku ora isa muni ‘r’,” kandhane karo sedheku neng meja tengah. Mripate kelop-kelop ngenteni wangsulan saka simbahe.

“Lha pancen kowe ki istimewa lho, Le,” kandhane Simbahe karo ngesok banyu neng kendhi.

“Istimewa piye lho, Mbah? Wong ora isa muni r kok istimewa. Aku malah isin! Bola-bali dilokke ngalor ngidul karo kanca-kancaku,” kandhane Wicak karo ndhingkluk.

“Ngene lho, Le! Kowe ora usah isin mung gara-gara ora isa muni r. Ibumu, Simbahmu, wis ora kurang-kurang nek mblajari kowe kawit sik cilik biyen. Ning ya ora apa-apa, anggere kowe meneng wae, ora usah wangsulan, kancamu lak ya meneng dhewe, wangsulane Simbahe sareh.

“Saking mangkelku, putrane Pak Kepala Sekolah mau meh wae takjotos, Mbah! Ben ae! Aku mangkel kok!” kandhane karo sik kemropok atine.

“Lha ngapa kok nganti arep jotos-jotosan barang ki?” Mbah Painem kaget krungu kandhane Wicak.

Wicak meneng wae. Atine sik kemrungsung nek kelingan kedadeyan sing mentas dialami mau.

“Ngene lho, Le! Nek pancen ora isa muni r’, apa ya terus arep mbokjotosi kancamu sing ngelokke kowe? Eman-eman tanganmu, Ngger! Kene takkandhani! Bocah sing ora isa muni r kuwi istimewa lho! Pengin weruh buktine?” pitakone Mbah Painem karo nyawang putune.

Wicak manthuk, mripate ketok cemlorot merga penasaran.

“Wong utawa bocah cadhel kuwi nduweni ciri-ciri keistimewaan. Siji, bocah cadhel kuwi unik, ora akeh tunggale. Lha nek kowe klebu bocah sing ora akeh tunggale kuwi, apa ora ateges istimewa, Le?” kandhane Mbah Painem nggedhekke atine putune. Sing digedhekke atine rada mlengak semu ora percaya.

“Pindho, bocah cadhel kuwi kreatif. Tegese, nek nuju omong-omongan karo kanca-kancamu, kowe kudu golek tembung sing ora ana aksarane r. Pikiranmu bisa urip ngrembaka merga sering nggoleki tembung-tembung sing ora ana aksarane r. Karomeneh ben kowe ora kisinan merga dilokke kancamu!

Wicak saya gemregah atine.

“Sing ketelu, Mbah?” pitakone sajak ora sabar.

“Nah, sing ketelu, bocah cadhel kuwi luwih gampang sinau basa Inggris. Mbesuk nek wis mlebu SMP, kowe bakale nampa pelajaran basa Inggris. Mula wis ora usah kuwatir meneh. Kanca-kancamu sing saiki dha ngelokke kae bakal kalah pinter karo kowe, babagan basa Inggris. Lho, piye? Apik ta?” jlentrehe Mbah Painem karo mesem.

Wicak tansaya bombong atine. Pituture Simbahe kuwi mau mbungahke atine. Ndelok saka praupane, Wicak wis ora kemrungsung meneh. Mbah Painem melu bungah ndelok putune wis ora nglentruk meneh.

“Wis kana, ndang mangan! Sedhela meneh Ibumu mulih saka pabrik. Nek weruh kowe durung mangan, isa brebegen kupingku ngrungokke radio rusak! guyonane Simbahe.

Wicak njur ngguyu lakak-lakak dibarengi karo mbah Painem.

Sesoke Wicak wis isa mlaku dhadhag. Neng sekolahan dheweke wis ora kuwatir meneh nek krungu omongane kancane sing ngelokke dheweke mung merga ora isa ngucapake aksara r. Pambombonge Mbahe wingi nambahi kenceng niyate. Wicak yakin, senajan ora isa muni r dheweke tetep isa dadi tentara. Bocah ontang-anting kuwi malah sregep nglumpukke tembung-tembung sing ora katutan aksara r. Mula ora mokal nek Wicak saiki nduweni pilihan tembung sing isa nylametke dheweke saka aloke kanca-kancane. Mung jalaran ora isa muni r dudu alasan ora isa ditrima karo liyan.#



Amini, S.S. salah satunggaling dwija kang tasih ngudi samubaranging jenis seratan. Cerkak minangka salah satunggaling remenan wacan milai tasih SD. Seratan cerkak saged dipun waos wonten salah satunggaling buku kempalan cerkak MANGSA RUWAT (2021), KIDUNG SEJATINE PAHLAWAN (2021), lan  MAK BEDUNDUK BAGONG KEJEGUR IMPEN (2021). Bingah raose ati saged nyerat cerkak senajan tasih sederhana. Panyerat saged dipun hubungi kanthi nomor tilpun 081249366181 utawi 081331324840 ugi email aminiparwoto76@gmail.com

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Formulir Kontak