Geguritan-Geguritan Anggitane Kang Admono | Kota Sawijing Senja - Suara Krajan



GODONG  AMBROL
 
Salembar godong ambrol mung crita kahanan kuninge, kahanan wektu tuwane; desentuh, deambung, deburna neng angin.
Godong ambrol kemureb apa ngatang-atang neng ndhuwur lemah crita kahanan kalanggengan lan leluhur panggonane balik, kahanan alam panggonan deweke semedi, nyepi lan ngasingna diri.
Crita, kahanan tetamanan, suket-suket, kali-kali bening endah tur resep.
 
Godong tiba meng lemah; crita kahanan ghoibNya mbari ngucap
" Sugeng tindak "
 
Marang lalakon.
 
 
DONGA
 
Ana sing ora tau rampung mbangun impen,
ati sing sujud
katresnan sing pasrah
kagambar sajeroning ukara-ukara kangen
tumuju marang SliraMu.
 
Mung SliraMu.
 
 
KOTA SAWIJINING SENJA
   ( Nggo:  Almh. Dede  )
 
Sliramu, temenan ora tau bener-bener bisa tek kubur sajeroning kelanggengan. Katresnan wis nuwuhaken kalanggengan, kalanggengan De.
Kaya sewiwi kupu-kupu sing ora tau kesel mabur nang kasemestan wektu, kaya Jibril makhluk paling setia sujud pasrah sajeroning kataatane maring Gusti Alloh
Apa bener, katresnanku marang sliramu?
 
De,
Mung soal saolah-olah lungamu kui sawiji perbedaan; wates jarak ruang wektu
Lan sliramu kudu lewih dhisit balik nggo nemoni Rabb, Gusti Alloh kita
Ndhisiti ninggalna aku.
Apa bener aku dewekan?
 
Siji saat ngarep, kapan baen wektune kapan baen detike aku uga bokan kudu balik?
 
 
MATANE KAYA PESO
 
Matane kaya peso, lan kaya tatu, kaya impen, kaya cahya, kaya alas, kaya kali, kaya kenangan, kaya katresnan, kaya pesona, kaya godong, kaya kembang, kaya purba, kaya lemah.
 
Matane kaya sunyi!
 
Gusti Alloh, kenangapa matane kaya peso?
 
 
KATRESNAN  SIMBOK
 
Kaya lemah sing nresnani oyod wit, lan kaya oyod-oyod sing nresnani wite, kaya guwe katresnan simbok maring anak-anake;
Katon sederhana tapi sliramu ora tau mudeng, ora paham seikhlas apa ngewehi sing ora tau kepikiran nggo njaluk imbalan.
 
 
Kaya tatu, lara sing netesna luhe.
 
 
PELABUHAN
 
Aku, wis dadi tiktak jam
Tiktak jam, wis dadi impen
Impen, wis dadi gelisah
Gelisah, wis dadi sunyi
Sunyi, wis dadi sliramu
Sliramu, wis dadi pelabuhan
Pelabuhan, wis dadi katresnan.
 
Padahal, aku wis dadi katresnan
Sliramu wis dadi katresnan.
 
Nunggu apa maning kita dadi pelabuhan?
 
 
GUSTI ALLOH KAYA WATU?
 
Merga, saking maha nepsune kita mahami awake dewek. Mulane donga-donga mabur kaya angin, kaya lebuh-lebuh malah.
Nggawa mung kacau pikiran, nggawa sangsi sajeroning awak sing wis malik dadi berhala sakabehing makna.
 
Mulane, bisa salawase Gusti Alloh sajeroning diri kita dadi watu.
 
 
 
==================
AdmonoRemen puisi, geguritan, cerpen, cerkak lsp. Lair ing Purbalingga 23 Mei, ginaon/sinau nerjemahin basa puisi ka geguritan wiwit taun 2018 an. Saiki manggon ning Kalibagor, Banyumas Jawa Tengah INDONESIA. Tukang embret/Eber kanebo nang dalanan.

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Formulir Kontak